Rek, Pacaran Iku Gak Mbois Blas

Rek, Pacaran Iku Gak Mbois Blas

Rek, Pacaran Iku Gak Mbois Blas
Ilustrasi wajah laki-laki dan wajah perempuan. (Ils: Dribbble/Lauren Mason)

Suaramuslim.net – Kenalno rek.. Jenengku Udin, hanya hamba Allah biasa, hamba Allah seng faqir dadi aku yo akeh salahe, akeh lupute, akeh dusoe (ojok akeh akeh seh nek isok hehe).

Kisahku iki tak awali teko masa putih abu-abuku rek, dan saiki aku wes kuliah semester 2. Kon kabeh ngertikan yok opo rasane SMA?

“Nek ga pacaran iku kuper, ga payu, ga mbois, dan lain-lain,” iku konsep pikirane kids jaman now banget rek. Aku yo gurung mendalami ilmu agama pas iku dadine khilaf rek.. aku tau pacaran.

Aku pacaran ambek akhwat seng ayu, adem nang motoku, wes pokoke idamanku lah. Ceritoe dowo nek mbahas awal mula pacaran. Intine aku seneng ambek si fulanah terus pdkt, terus podo baper’e podo senenge, terus tak tembak (dorrr) resmi wes dadi pasangan seng halal.. iyo halal menurut setan haha.

Pacaran iku enak.. iyo enak.. enak nang ngarep tok tapi ga enak nang mburi. Wes talah nyesel kon pacaran, ojok pacaran aku wes tau ngerasakno.

Susah seneng tak lakoni karo si fulanah. Nang endi ae mesti budal bareng wong loro, wes koyok suami istri ngono mesra haha. Aku kenal bapak ibuk’e si fulanah. Si fulanah yo kenal karo bapak ibukku. Dadi wes podo cocok e siap nikah langsung oleh restu nek wes wayah’e.

Si fulanah yo sering diajak keluarga besarku teko nang acara hajatan keluarga dan sebagainya. Dadi wes persis koyok bojo akrab nang keluarga morotuo ngono lah, aku sisan yo ngono nang keluargae. Koyok keluarga temenan wes intine, padahal gurung halal :’(

Pacaran teruss.. nang endi-endi wong loro, lah ngertikan seng ketelu e sopo?.. (Pelakor?).. Ndeh -_- Guduk.. Tapi setan.

Setan iku bakalan ngebujuk awakmu ben ngelakokno hal-hal seng enggak-enggak. Wes talah.. kon pacaran wes suwe podo sayange tapi kon ngomong “ga tau lapo-lapo” (?) Bullshit wah.

Aku awale yo mikir ngono, aku pacaran gak bakalan lapo-lapo kok, tapii.. Engkok kon bakalan gandengan.. Mari gandengan.. Yahh deloken ae arek pacaran jaman saiki nang Bungkul, Royal plaza, Kenjeran, wes aku gak usah njelasno nang kon kabeh wes eroh kok (ojok suudzon nang aku, aku ga tau sebejat iku kok, seng sampek isok mblendung alhamdulillah aku gak koyok ngono).

Aku yo sek duwe iman, aku sholat rajin tapi pacaran yo rajin (ojok ditiru).. dadi insyaallah aku yo ngerti kok batesane. Intine pacaran iku mendekatkan mbek njerumusno awakmu pada zina rek.

Perjalanan Hijrah

Terus lambat laun, aku iki ngeroso seneng ndelok murottal’e Muzammil seng sempet viral, aku mulai tertarik memahami isi teko Al-Qur’an.

Sithik-sithik aku mulai paham endi seng salah endi seng bener. Berawal teko Muzammil terus onok suggestion youtube ku muncul video ceramahe Ust. Hanan Attaki Lc, seng judule garai baper kabeh wes pokok’e.

Video’e mbahas masalah hijrah cinta dan dijelasno pacaran iku salah seng bener iku nikah. Nah teko iku aku paham.

“Wah berarti selama iki duso tok yo aku? Pokoke kudu tak tinggalno duso iki.” Jare njero atiku.

Niat hijrahku tak mulai. Aku medotno si fulanah. Tapi si fulanah malah nuangis nang ngarepku dan ngomongno masalah cinta rek.. Aku ga munafik, aku yo melok nangis padahal aku lanang, sak tegar-tegare aku asline sek sayang dadi aku yo melok nangis pas medotno arek’e.

Halangan hijrah dimulai. Si fulanah gak gelem tak pedotno. Pas tak pekso pedot areke tambah nuangis sampek sesek’e kambuh. Aku gopoh kabeh, aku ga tego, aku ga sido putus. Dadi hijrahku koyok pending.

Gagal putus pilihan kedua tak coba. Hijrah pacaran onok loro pilihan “HALALIN ATAU TINGGALIN”. Nek ngomong masalah halal yo berarti rabi. Modal Bismillah, tabungan sak onoke, ambek niat rabi lillahita’ala. Gass aku takon nang pacarku lewat chat:

Aku: “Kamu mau nikah sama aku?”

Fulanah: “Mauuuu lah”

Aku: “Orang tuamu?”

Fulanah: “Mereka udah cocok sama kamu kok, kenapa?”

Aku: “Aku pengen hijrah kalo uda nikah-kan diridhoi sama Allah”

Fulanah: “Sekarang?”

Aku: “Iya sekarang mau kapan lagi? ajal nggak nunggu aku tobat, aku pengen cepet-cepet hijrah sebelum terlambat.”

Fulanah: “Kamu yakin?”

Aku: “Kenapa? Kamu nggak yakin ta?”

Fulanah: “Loh kalo aku malah seneng, tapi kamu yakin dibolehin orang tuamu?”

Meneng diluk, mikir.. “wes ga usah dipikir.. Tatak cuss bismilillah” sembari tak tutup telpune.

Terus aku mulai nekat nyedeki wong tuoku gae mbahas iku maeng
“tok tok tok (kamar wong tuo)”.
(Kurang lebih koyok ngene rek, iki dialog’e tak persingkat dan ancen nang keluargaku wes biasa nggawe basa jawa ngoko).

Aku: “Yah aku ape ngomong.”

Ayah: “Iyo ngomongo.”

Aku: “Aku pengen nikah.”

Ayah: “HAA!!! KON MARI LAPO?”

Aku: “Ga lapo-lapo, aku pengen hijrah. Pacaran kan ga oleh bla bla bla… (Aku jelasno lek fulanah ga gelem tak putusno)”

Ayah: “KATE MBOK PAKANI OPO ANAK’E UWONG? UMURMU PIRO?”

Aku: “Rejeki kan onok seng ngatur yah, saiki Allah ngekei aku rejeki gawe aku tok, engkok nek wes nikah kan Allah menjamin rizki ku gawe aku mbek bojoku. Engkok aku kuliah ambek kerjo kan isok yah.”

Ayah: “KON NEK KERJO YO KERJO O GAK USAH KULIAH.”

Aku: “Ya wes nek ancen ayah ngongkon e ngono, aku tak kerjo ae gak kuliah sek sementara.”

Ayah: “KON GENDENG A?”

Ga gelem berselisih lebih lanjut aku mbalik nang kamarku ambek gelisah, isin, mangkel, nggondok wes campur aduk. Ga suwi “tok tok tok (kamarku)” Ibukku nenangno atiku, niate memotivasi aku.

“Kamu kuliah dulu, terus kerja, masa depanmu masih panjang nak”, jare ibuk.

Walaupun sak jane atiku ngeruntel soale pemikiranku tentang pernikahan iku ga seburuk iku sampe isok ngerusak masa depan, tapi aku ngehargai nasehat ibukku soale niate ibukku ngandani aku apik-apik secara alus.

Jujur atiku ngeruntel koyok benang mbulet. Soal’e iki marakno hijrahku pending maneh. Tapi aku tetep sabar, seng penting aku wes ngungkapno keinginanku.

Saat iku dadine aku sek berpacaran ambek fulanah, tetapi saiki aku berusaha agak menjauh dari fulanah. Biyen aku suayang, muesra nang fulanah tapi saiki aku rodok dingin, gondokan, dan lain-lain.

Akhir’e aku mbek fulanah sering tukaran (Ga main fisik yo.. Mek nesu-nesu ngamuk biasa koyok arek-arek pacaran iku lo) dadi kesane koyok keluarga disharmonis padahal gurung berkeluarga.

Niatku supoyo isok pedot ambek fulanah. Tapi.. ternyata aku salah rek.. Semakin aku mekso putus semakin de’e tersakiti dan ga gelem putus soale wedi tak tinggalno ngono ae.

Berkali-kali aku ngajak putus dengan cara koyok ngono malah selalu gagal, pending terus hijrahku. Lalu aku nyoba ngongkon fulanah nonton video-video’e ust. Hanan Attaki sisan nang youtube ben podo-podo mendalami agama sekaligus ngerti opo karepku.

Aku yo sering bahas-bahas soal agama ambek fulanah. Setelah beberapa bulan aku nyoba ngajak fulanah putus walaupun awal’e aku ngamuk maneh #pemudalabil tapi akhire aku nyoba ngajak fulanah putus dengan cara baik-baik.

Kurang lebihe koyok ngene.

Aku: “Sayang, kita putus ya? Aku pengen hijrah, aku nggak pengen kalo misalnya kita nikah tapi diawali dengan hal yang diharamkan Allah” (Sorry, masa kelam nyeluke sayang).

Fulanah: “Aku takut nanti kamu ninggalin aku gitu aja.” (Fulanah mulai nangis).

Aku: “Kamu percaya sama Allah kan? Jodoh ditangan Allah tertulis di Lauhul Mahfuz.”

Fulanah: “Iya percaya.”

Aku: “Nah kalo kita hijrah ke jalan yang Allah ridhoi, insyaallah Allah gak bakalan ngecewain kita kok. Entah nanti kamu dipertemukan sosok yang lebih baik dari aku atau hubungan kita nanti diganti dengan hubungan yang halal Allah ridhoi yang jelas digantikan dengan yang lebih baik kok.”

Fulanah: “Aku maunya sama kamu”

Aku: “Jodoh itu di tangan Allah sayang.. Ga ada yang tau.. Tapi aku janji nanti saat aku sudah dimampukan oleh Allah untuk menikah, pintu rumah yang aku ketuk untuk pertama kali ya itu rumah kamu.”

Fulanah: “Kamu masih cinta aku? Kenapa kita nggak ta’aruf aja?”

Setelah tak pikir-pikir maneh aku akhire setuju ta’aruf dengan syarat ga oleh ketemuan, nek ketemuan kudu onok mahram, ga oleh chat gak penting supaya ga khalwat.

Resmi putus tanggal 16 Maret 2018 wingi rek.

Aku berhasil hijrah cinta, tapi setelah hijrah iku yo akeh cobaane rek, mulai kangen, rindu, kabeh rasa iku muncul di luar kuasaku. Aku gaeroh rasa iki garakno duso opo enggak. Tapi andaikan aku isok memilih aku lebih memilih nggak nduwe perasaan iki sampai akad terucap.

Caraku mengatasi rindu yaiku menyimpan rasa rinduku dalam do’a lalu tak tuangno rasa rinduku saat aku sedang berdiskusi dengan Rabb-ku, tak tuangno kabeh nang sujud sujudku, curhat kabeh rasa rinduku nang Rabb-ku, soale aku yakin Allah Maha Mengetahui isi hati hamba-Nya dan tidak akan mengecewakan hamba yang mencintai-Nya.

Alhamdulillah saiki aku wes hijrah tugasku saiki yaiku istiqomah di jalan Allah, mendekatkan diri pada Allah, menjaga hati untuk fulanah, selalu berdo’a dan ikhtiar serta mempersiapkan diri dan memperjuangkan sebuah AKAD.

Dadi gawe awakmu seng durung tau pacaran alias jomblo fisabilillah ojok sampek iri karo koncomu seng pacaran, kon bersyukur’o pilihanmu iku wes terbaik kok, tapi lebih baik maneh nek awakmu rabi iku aku setuju puol wes.. Tak dukung kon nek kate rabi.

Ambil positif’e tinggalno elek’e yo rek. Semoga bermanfaat ben podo podo oleh pahala’e, Aamiin.

Reporter: Teguh Imami
Editor: Muhammad Nashir

Like this article?

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on WhatsApp
Share on Telegram

Leave a comment