Hijrah: Iki Rahasiaku Urep Tenang

Hijrah: Iki Rahasiaku Urep Tenang

Hijrah Iki Rahasiaku Urep Tenang
Ilustrasi hijrah, foto: Dok. Istimewa

SURABAYA (Suaramuslim.net) – Saben dino uripku biasa ae rek, aktivitasku yo cuma ngona-ngono, mulai tekan isuk tangi turu terus kuliah, mangan, nugas, dilanjut rapat sampek bengi. Jere arek-arek se uripku lumayan sibuk, iyo sibuk ambek kepentingan duniawi. Mbiyen se. Mboh maneh nek saiki.

Aku termasuk mahasiswa nang kampus seng insyaAllah favorit sak Suroboyo. Sakjane aku mandang awakku yo termasuk arek apatis nang fakultas, yo jarang melu ngurusi kepentingan atau acara-acara mahasiswa nang fakultas.

Lha tapi, arek-arek mandang aku iki arek seng lumayan sibuk berkiprah nang akeh organisasi, utamane organisasi seng tarafe wes kampus, duduk organisasi fakultas maneh. Saben wengi ono ae acara, nek gak rapat yo mangan-mangan. Terus kapan nugas e? Haha.

Masio toh yo, uripku iki wes cukup terisi ambek kegiatan seng insyaAllah apik, lan rame kumpul bareng arek-arek hebat sak kampus. Tapi pancet ae urip iki rasane hampa. Ibarat sambel dorong ono uyah e.

Nyari Jati Diri

Sakjane lapo se uripku? Sosial yo wes oke, akademik yo gak masalah, ekonomi yo masih normal. Terus opo’o kok uripku sek standar? Bahkan terkadang nek ono masalah seng teko, gak jarang aku langsung melambaikan tangan, nek gak ngono yo sambat lan gopoh.

Tapi rek, mari ngono ono suatu kejadian seng garakno uripku berubah. Alhamdulillah, seng awale uripku luweh akeh sambat’e ketimbang syukur’e, saiki dadi akeh bersyukur. Seng awale aku iki arek gopohan, saiki iso luweh tenang. Wes ta rasane urip iki adem, ayem, lan tentrem.

Dadi singkat cerita, dino iku aku akeh sambat lan ngersulo nang koncoku rek. Perkoro suatu kepanitian nang organisasi. Lha ya’opo, wes anggotane saitik, tugas’e akeh seng dorong tuntas, koor’e nguculno sisan. Wih, rasane cukup gopoh lah. Sampek aku ngeroso nyesel daftar nang kepanitiaan iku maeng, rasane pengen metu ae wes ndang buyar.

Bengine ono rapat koordinasi per divisi rek. Beh, abot rasane awak iki gawe melu rapat, tapi tetep budal rek. Jenenge amanah tetep kudu dilakoni masio kudu nyeret-nyeret sikil. Dadi aku melu rapat ambek rodo gopoh lah perkoro ke-geje-an yang haqiqi.

Rapat berjalan biasa ae, yo molor saitik lah koyok biasane, janjian jam 19.00 dimulaine jam 20.00. Yo ngene iki mergo wes tercipta mindset jam karet nang pikiran arek jaman saiki atau kids jaman now.

“Assalamu’alaikum, maaf telat.”

“Duh arek iki, genah ae saiki jam piro rek, jam 21.00 kaet teko?” Batinku.

Rapat wes berjalan lumayan suwi, sak elengku mendekati jam 21.00 lah. Maklum lah. Jerene guruku Aliyah “al insanu mahallul khoto’ wan nisyaan” seng artine menungso panggone salah lan lali. Hehe.

Nah mendekati akhir rapat, ujuk-ujuk ono arek siji seng izin masuk forum dengan ekspresi watados alias wajah tanpa dosa. Masio to arek iki wes telat, kok yo gak ngetarani gopoh belas iku lo, lah tiba’e arek’e koor nang salah satu divisi X. Terus maparno perkembangan’e, yo tetep ae suantai lan tenang, padahal yo podo ae divisine isek dorong ono perkembangan seng nyoto.

“Arek iki cek tenang e, padahal wes telat, tugas divisine yo isek akeh PR. Tapi kok ketok seneng-seneng ae. Belas gak ngetok’i nek gopoh,” batinku.

Rapat dino iku akhire mari. Oke aku cukup penasaran ambek arek seng iso nduwe ketenangan lan kedamaian seng haqiqi iku maeng.

Terus akhire diadakno rapat lanjutan. Seng melu rapat yo arek ika iku ae. Nah, arek seng nduwe ketenangan haqiqi lan dadi koor suatu divisi X iku nge-chat aku. Arek’e kondo nek telat mergo isek ngaji. Oke lah, tak izin’o nang arek-arek, tiba’e arek-arek wes ngerti kebiasaan’e seng menurut kesimpulanku se luweh mentingno urusan akhirat ketimbang dunia.

“Assalamu’alaikum maaf telat habis …. “

Akhir’e arek’e wes teko rapat, mendekati jam 21.00 maneh. Seng tak eleng-eleng kebiasaane arek iki yoiku mesti nek rapat lunggohe adoh tekan arek wedok. Masio telat yo tetep santai, masio akeh tanggungan yo tetep guya-guyu, urip’e koyok’o gak ono beban rek.

Ngutamakno Akhirat

Terus seng garai aku heran karo arek iku mergo beberapa hal. Seng pertama ambek ketenangan’e arek iku waktu ngadepi situasi atau masalah tertentu, sak elengku gak tau sambat, lan akeh guya-guyune, pernah se pas iki sempet nunjukno ekspresi bingung, tapi tetep isok tenang gak gopoh sak karep’e dewe.

Terus seng keloro, aku gak habis pikir ono arek seng luweh ngutamakno perihal akhirate, atau kegiatan seng berkaitan ambek agomo ketimbang urusan duniawi koyok dolen-dolen unfaedah. Tapi yo sosial’e isek tetep oke. Terus seng ketelu, iku tentang akhlak’e seng jarang di’nduweni kids jaman now.

Nah, tekan arek iku maeng akhir’e aku sadar nek selama iki luweh mentingno urusan duniawiku, sampek-sampek minus nang urusan akhirat. Pantes ae masio uripku gak nganggur-nganggur banget, lan saben dino ketemu konco-konco hebat, tapi tetep ae dorong oleh ketenangan.

Akhir’e aku memutuskan gawe ngerubah pandanganku tentang dunia akhirat. Seng sebelume duniaku nomer siji, saiki tak dadikno nomor loro. Nomer siji? Akhirat. InsyaAllah.

Saitik-saitik aku berusaha berkiprah nang organisasi dakwah tekan fakultas sampek universitas, golek-golek lingkungan seng mendukung rute perjalanan anyarku. Alhamdulillah yo nemu lingkungan seng apik nang asrama alias Pesantren Mahasiswa.

Urip nang asrama tiba’e luweh sibuk. Saben dino ono kegiatan, misal e ngaji, kajian, pelatihan, lan program-program lain’e. Mulai kaet mari Subuh sampek bengi jam 22.00. Tapi lho rek, Alhamdulillah’e aku luweh iso menikmati uripku seng anyar iki. Percoyo gak percoyo, aku luweh iso tenang lan ngeroso ayem, padahal kegiatanku luweh padet lan luweh akeh tanggungan.

“Kok iso ngono yo?” Mbatinku.

Tiba’e ngene rek rahasia. Dadi, Gusti Allah wes berfirman artine:

“Barang siapa yang menghendaki keuntungan di akhirat akan Kami tambah keuntungan itu baginya dan barang siapa yang menghendaki keuntungan di dunia Kami berikan kepadanya sebagian dari keuntungan dunia dan tidak ada baginya suatu bahagia pun di akhirat.” (QS. Asy-Syura: 20).

Terus didukung ambek hadis iki, Rasulullah SAW bersabda seng artine:

“Barang siapa yang kehidupan akhirat menjadi tujuan utamanya, niscaya Allah akan meletakkan rasa cukup di dalam hatinya dan menghimpun semua urusan untuknya serta datanglah dunia kepadanya dengan hina. Tapi barang siapa yang kehidupan dunia menjadi tujuan utamanya, niscaya Allah meletakkan kefakiran di hadapan kedua matanya dan mencerai-beraikan urusannya dan dunia tidak bakal datang kepadanya, kecuali sekadar yang telah ditetapkan untuknya.” (HR. Tirmidzi).

Wes cukup jelas kan rek? Dadi ayo podo berubah ngutamakno akhirat’e timbang dunyo’e. InsyaAllah gak akan nyesel rek.

Reporter: Teguh Imami
Editor: Muhammad Nashir

Like this article?

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on WhatsApp
Share on Telegram

Leave a comment