Hijrah: Cerito Awale Aku Gelem Kerudungan

Hijrah: Cerito Awale Aku Gelem Kerudungan

Hijrah Setelah Patah Hati
Ilustrasi Hijra. (Ils: Ana Fantofani/Siswi SMK Muhammadiyah 2 Surabaya)

Suaramuslim.net – Namaku Cinta mahasiswi semester 6. Awal mula gawe jilbab iku pas SMP. Alim? Nggak, sing bener iku kepekso. Dadi lulus SD, aku diutus bapak ibuk gawe sekolah ndek pondok. Sebagai anak berbakti, aku nurut kan, yo? Nah, emang dasar e cuma kepekso, aku jilbaban iki cuma lek pas sekolah tok. Pas pulang kampung? Yo tak copot maneh.

Uripku biyen cuma mengikuti arus. Liyane ngaji, aku melu ngaji. Liyane sholat, aku malah turu. Tapi lek saiki dipikir, mondok iku berguna banget lho.

Aku seneng banget mondok, ilmu sing dipelajari luwih akeh daripada sekolah umum ndek njobo. Hobiku rodo nyeleneh sih, aku seneng sinau. Dadi pas oleh ilmu sing luwih akeh, aku seneng lah, sekalian iso tak sombongno lak pas pulang kampung.

Dadi aku mondok yo sinau banyak hal rek. Hal-hal sing gak bakal iso diajarno karo sekolah umum ndek njobo pondok. Tapi aku sik gak nduwe karep gawe mengaplikasikannya, yo cuma gawe duwe-duwean tok. Koyok arek saiki, Al-Quran cuma gawe duwe-duwean, gak tau diwoco.

Like this article?

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on WhatsApp
Share on Telegram

Leave a comment