Hijrah: Cerito Awale Aku Gelem Kerudungan

Hijrah: Cerito Awale Aku Gelem Kerudungan

Hijrah Setelah Patah Hati
Ilustrasi Hijra. (Ils: Ana Fantofani/Siswi SMK Muhammadiyah 2 Surabaya)

Perjalanan Saat SMA

Terus akhir’e pas wes lulus, aku balik ndek kotaku gawe nerusne SMA. Wuih, kaget sih awale. Soale biyen pas ndek pondok iku cedek karo arek lanang ae nggak wani, eh ternyata ndek njobo iku pegang-pegangan wes hal biasa. Terus aku adaptasi dong. Jenenge arek nakal tur gak duwe wedi, aku meniti langkah gawe debut dadi anak kota sing gaul mbek kekinian.

Nah kebetulan, aku sekelas karo anak hits dan de’e dadi konco cedakku. Jiwa “ndrugal”-ku semakin membara. Penggawean mben dino lak gak macak, rasan-rasan, sok-sokan ayu, sok-sokan hits pisan.

Seiring berjalannya waktu, aku kenalan karo cowok Rohis konco sekelasku, pas ketepakan aku yo melu Rohis, soal’e liyane gak minat dan gak iso kabeh.

Singkat cerita, naksirlah aku karo si Mas iki. Aku istiqomah PDKT dan memperbaiki diri. Rajin ndek masjid, sok-sokan ngerti agama cuma cek dilirik ae. Lah kok de’e cuma meneng ae, tipikal arek alim lah. Tapi suwe-suwe direspon, nggak pacaran sih, cuma sayang-sayangan kok.

Nah thanks to him, aku dadi duwe akeh konco sing alim. Aku dadi sering melu kajian, dadi rodo belajar agama maneh.

Terus pas kuliah, kene putus dengan sangat tidak baik. Nah, kegoblokanku sing kesekian kalinya, wes ngerti pacaran haram, tapi pas putus malah nangis ngomong ndek Allah,

“Ya Allah, cobaan apa ini?” Jareku sampek sesenggukan.

Nggak masuk akal toh? Yo ngono iku remaja saiki. Tapi goro-goro putus, aku sadar lak pacaran iku secara logika sangat merugikan. Aku jik durung ndelok masalah iki dari segi agama pas iku. Yo jenenge penyesalan ancen ndek mburi, lak ndek ngarep kan jenenge pendaftaran.

Terus aku mulai menyibukkan diri karo kuliah, diet, perawatan. Wes pokoke hal-hal duniawi kabeh lah sing tak goleki.

Sholat yo sekedar ngegugurno kewajiban. Sholat ndek akhir waktu banget, kadang mari salam eh lha kok wes adzan sholat selanjut’e. Al-Quran berdebu nggak tau diwoco, malah moco cerito-cerito sing asline gak oleh diwoco. Diajak kajian malah kabur, dolan, sinau ndek kosan. Nandi-nandi nggawe klambi sing seksi, krudung disampir-sampirno koyok pemean, mejeng ngalor ngidul. Wes pokok anak milenial lah, mottoku sexy free and single.

Beberapa tahun aku terus urip koyok ngono, yo bener sih kuliahku lancar, IP apik, konco nandi-nandi. Tapi ati iki bener-bener nggak onok sing jenenge ayem, onok ae penyakit ati sing tak alami.

Kadang sombong, kadang su’udzon, tapi sing paling sering iku iri. Aku iri banget ndelok si A, engkok ketemu si B, aku iri maneh, ngono terus pokok’e. Dan aku berusaha yaopo carane cek wong-wong iku gak luwih pinter, luwih ayu, luwih seksi teko aku.

Bayangno yaopo sibuk’e kegiatanku pas iku. Ati mben dino rasane pating gemrambyang. Taubat? Durung, aku cuma ngeroso onok sing salah, ngono ae.

Terus klimaks’e onok suatu kejadian sing gak ngenak’i. Pas iku aku dijaraki karo lanang-lanang pas gawe pakaian dinas (jeans ketat, jaket ngancut, kerudung disampirno). Sak durunge yo tau dijaraki sih, tapi aku percaya diri banget. Aku malah seneng dan ngeroso ayu, kadang malah tak tanggapi.

Tapi pas iku, perlakuane bener-bener nggak sopan sing gak pantes gawe diceritakno lah. Aku bener-bener ngeroso koyok dilecehno walau bukan secara harfiah, tapi rasane jijik banget pokok’e. Gak onok roso bangga blas. Awale aku nganggep lanang-lanang iki kurang ajar banget, kudune wedok kan dijogo mbek dihormati.

Biyen aku mikir, masio wedok gawe klambi opo ae, tugase lanang gawe njogo pandangane. Dadi biyen gawe klambi seksi, aku tetep gak ngeroso bersalah.

Aku mbiyen yo mbatin “Kan iku hakku, salah lanang lek sampek nafsu.” Tapi akhire aku sadar lek penampilanku pas iku emang gak menampilkan sosok wanita sing pantes dihargai. Rasane koyok bakul tahu isi, tapi gak gelem dagangan’e didemok-demok karo sing ape tuku. Wes murah, keleleran, didemok-demok, gak dituku sisan.

Like this article?

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on WhatsApp
Share on Telegram

Leave a comment